Tuesday, November 10, 2009

Le, anakku Wisnu

October 4th, 2008

le yogene lahirmu datan nganggo pratondo kang mligi gampang dimangerteni.
opo mergo saking cubluk’e bopo biyungmu kan ora magerteni waseso soko sliramu.
opo amargo bopo mu iki lagi disatru dening kang kuwoso.
yogene kowe kudu nandang samubarang kang koyo mangkene.
kekejer anggamu datan suwolo rinusak amargo ngabekti marang poro tuwo
dino kang sakjatine kudu dilakoni kanthi leganing ati datan kumowo malik dadi lambahing geni - kuciwo, murko, datan keno suwolo marang sing kuwoso.
lamun tangeh ora ono sing iso nggondheli anggonmu mukso, namung donga kan tansah rinonce mugo-mugo lakumu padang nemahi kabahagyan - pinanggih kaliyan poro pepundhen kang wus ngrumiyini mukso ing angkoso. datan kendhat pamujiku mugo tansah podo manggihi kabahagyan ono ing kono. lamun tansah nyawang pun bopo biyung sadremo nglakoni urip ngayahu jatining diri sakdurunge tumekaning pati..
le anakku wisnu…

No comments: